2 Samuel 3:8 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Senapati Abner duka banget, amarga saka pangandikane Prabu Isyboset mau, ature: “Kawula punika punapa endhas segawon Yehuda? Ngantos sapriki kawula tansah nandukaken kasetyan kawula dhateng kulawarganipun Sang Prabu Saul, kang rama, inggih dhateng para sadherekipun lan dhateng para mitranipun, lan kawula tansah ngeman panjenengan dalem sampun ngantos dhumawah ing astanipun Sang Prabu Dawud, nanging sapunika panjenengan dalem ndakwa kawula lampah awon kaliyan tiyang estri.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Abnèr nesu banget, awit sangka tembungé Isybosèt mau, tembungé: “Kula kuwi apa endas asu sangka Yéhuda? Nganti saiki kula tansah nindakké kasetian kula marang brayaté Saul, bapakmu, ya marang para seduluré lan marang para kantyané, lan kula tansah ngéman sampéyan aja nganti tiba ing tangané Daved, nanging saiki sampéyan ndakwa kula mlaku ala karo wong wadon?