2 Samuel 4:12 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse ngandika mengkono Sang Prabu Dawud dhawuh marang abdine, supaya mateni wong-wong iku; tangane sarta sikile dikethok, mayite digantung ana ing sapinggire telaga ing Hebron. Nanging mastakane Prabu Isyboset kapundhut lan disarekake ana ing makame Senapati Abner ing Hebron.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé ngomong mengkono Daved ngongkon marang abdiné, supaya matèni wong-wong kuwi; tangané lan sikilé diketok, layoné digantung ing pinggir telaga ing Hébron. Nanging sirahé Isybosèt dijikuk lan dikubur ing kuburané Abnèr ing Hébron.