2 Samuel 4:8 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mastakane Prabu Isyboset mau digawa sowan marang ing ngarsane Prabu Dawud ana ing Hebron sarta matur marang Sang Prabu: “Lah punika mastakanipun Prabu Isyboset, putranipun Sang Prabu Saul, mengsah panjenengan dalem ingkang sumedya nyedani panjenengan dalem; ing dinten punika Sang Yehuwah sampun nglilani panjenengan dalem, gusti kawula, nandukaken piwales dhateng Sang Prabu Saul lan tedhak turunipun.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sirahé Isybosèt mau digawa marang Daved ing Hébron lan ngomong marang ratu: “Iki sirahé Isybosèt, anaké Saul, mungsuh sampéyan sing arep matèni sampéyan; ing dina iki GUSTI wis nglilani sampéyan, mbales marang Saul lan turunané.”