2 Samuel 5:20 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Dawud banjur tindak menyang ing Baal- Perasim lan ngasorake wong iku ana ing kono. Pangandikane Sang Prabu: “Pangeran Yehuwah njebolake mungsuhku ana ing ngarepku kaya panjeboling banyu.” Mulane wong padha ngarani panggonan kono: Baal-Perasim.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Daved terus lunga menyang ing Baal-Perasim lan ngalahké wong kuwi ing kono. Tembungé Daved: “GUSTI njebolké mungsuhku ing ngarepku kaya jebolé banyu.” Mulané wong pada ngarani panggonan kono: Baal-Perasim.