2 Samuel 5:3 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dadine sakehe para tuwa-tuwane Israel padha seba ana ing ngarsane Sang Prabu Dawud ana ing Hebron; Sang Prabu banjur nganakake prajanjian karo para wong iku ana ing Hebron, ing ngarsane sang Yehuwah; wasana padha njebadi Sang Prabu Dawud dadi ratu mengku Israel.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Dadiné sakkèhé para tuwa-tuwané Israèl pada ngadep ing ngarepé Daved ana Hébron; terus nganakké perjanjian karo para wong kuwi ing Hébron, ing ngarepé GUSTI; pada njebati Daved dadi ratu ngwasani Israèl.