2 Samuel 6:12 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Dawud diaturi pirsa mangkene: “Sang Yehuwah sampun mberkahi Obed-Edom lan sakukubanipun, amargi saking pethinipun Gusti Allah punika.” Sang Prabu Dawud banjur dhawuh ngelih pethine Sang Yehuwah saka ing omahe Obed-Edom menyang ing kuthane Sang Prabu Dawud kanthi sukapirena.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Daved dikèki weruh mengkéné: GUSTI wis mberkahi Obèd-Edom lan sak isi omahé, awit sangka petiné Gusti Allah kuwi. Daved terus ngongkon ngelih petiné GUSTI sangka omahé Obèd-Edom menyang ing kutané Daved karo sak bungahé.