2 Samuel 6:17 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pethine Sang Yehuwah diusung mlebu banjur diprenahake ana ing panggonane, ing sajroning kemah kang wus dipasang dening Sang Prabu Dawud kanggo iku, lan sawuse iku nuli nyaosake kurban obaran lan kurban kaslametan ana ing ngarsane Sang Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Petiné GUSTI diusung mlebu terus dipernahaké ing panggonané, ing sak njeruhné tarup sing wis dipasang karo Daved kanggo kuwi, lan sakwisé kuwi terus masrahaké kurban obongan lan kurban keslametan ing ngarepé GUSTI.