2 Samuel 6:21 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging Sang Prabu Dawud ngandika marang Sang Putri Mikhal: “Ana ing ngarsane Sang Yehuwah kang wis milih aku kanthi nisihake ramamu lan wong sabrayate kabeh, sarta banjur nuding aku kadadekake ratuning umate Pangeran Yehuwah, yaiku Israel -- ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, aku mesthi jejogedan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging Daved ngomong marang Mikal: “Ing ngarepé GUSTI sing wis milih aku karo nyingkirké bapakmu lan wong sak brayaté kabèh, lan terus milih aku didadèkké ratuné umaté GUSTI, ya kuwi Israèl - ing ngarepé GUSTI, aku mesti jejogètan.