2 Samuel 6:3 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pethine Allah kaemotake ing kreta anyar, sawuse kausung saka ing omahe Abinadab, kang ana ing pagunungan. Uza lan Ahyo, anake Abinadab padha ngiringake kareta iku.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Petiné Gusti Allah ditumpakké ing kréta anyar, sakwisé diusung sangka omahé Abinadab, ing pegunungan. Uza lan Ahio, anaké Abinadab pada ngetutké kréta kuwi.