2 Samuel 7:23 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Lan pundi wonten bangsa ingkang kados umat Paduka Israel ing salumahing bumi, ingkang Gusti Allahipun tumindak ngluwari bangsa punika, kadadosaken umatipun, supados angsala asma kagem Panjenenganipun srana nindakaken pakaryan-pakaryan ingkang ageng lan nggegirisi kangge tiyang-tiyang punika, lan nundhungi para bangsa lan para allahipun saking ngajenging umatipun?
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan ngendi ana bangsa sing kaya umat Panjenengan Israèl ing sak lumahé bumi, sing Gusti Allahé nandangi ngluwari bangsa iki, didadèkké umaté Gusti, supaya olèh jeneng kanggo Panjenengané karo nindakké penggawéan-penggawéan sing gedé lan medèni kanggo wong-wong kuwi, lan nundungi para bangsa lan para allahé sangka ngarepé umaté Gusti?