2 Samuel 9:10 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sira ngolaha lemah iku kanggo panjenengane: sira, anakira lan rewangira sarta sira wajib ngaturake panenane, supaya wayahe gustinira anaa kang didhahar. Mifiboset wayahe gustinira iku, lestaria ndherek kembul dhahar klawan ingsun.” Ziba duwe anak lanang limalas lan rewang rong puluh.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kowé kudu ngolah lemah kuwi kanggo dèkné: Kowé, anakmu lan baturmu lan kowé wajip masrahaké panènané, supaya putuné bendaramu anaa sing dipangan. Méfibosèt putuné bendaramu kuwi, tetep mèlu mangan bebarengan karo aku.” Siba nduwé anak lanang limalas lan réwang rong puluh.