2 Samuel 9:2 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dene kulawargane Prabu Saul kagungan abdi, kang aran Ziba; iku ditimbali sowan ing ngarsane Prabu Dawud, banjur didangu Sang Prabu: “Apa sira iku Ziba?” Atur wangsulane kang kadangu: “Nuwun inggih gusti.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging brayaté Saul nduwé abdi, sing diarani Siba; kuwi dityeluk nemoni ing ngarepé Daved, terus ditakoni Daved: “Apa kowé kuwi Siba?” Semauré sing ditakoni: “Ya ndara.”