2 Thessalonians 1:5 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
iku sawijining tandha-bukti bab adiling pangadilaning Allah, kang mratelakake yen kowe kabeh iku pantes dadi wargane Kratone Gusti Allah, kowe kang saiki padha nandhang sangsara marga saka Kraton iku.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Kuwi kabèh dadi tanda nèk Gusti Allah bakal ngrutu kabèh wong sak beneré. Tegesé, kowé sing saiki pada nglakoni kasangsaran nglabuhi Gusti Yésus, mbésuk kowé bakal nampa upahé, yakuwi, kowé bakal dianggep pantes karo Gusti Allah ngleboni kratoné.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kuwi dadi bukti kanggo pengadilané Gusti Allah sing adil, sing ndunungké yèn kowé kabèh kuwi pantes dadi wargané Kratoné Gusti Allah, kowé sing saiki pada ngalami sangsara awit kraton kuwi.