2 Timothy 2:22 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mulane ngedohana pepenginaning wong anom, ngudia marang kaadilan, kasetyan, katresnan lan karukunan bebarengan karo wong-wong kang padha nyebut marang Pangeran kalawan ati kang resik.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Mulané Timotius, kowé aja nuruti hawa kesenengan sing ora apik, kaya lumrahé wong enom, nanging nggolèkana barang sing betyik. Pretyayaa marang pituturé Gusti Allah lan trésnaa marang Gusti Allah lan marang sakpada-pada. Kowé kudu urip sing rukun karo liya-liyané. Sembarang kuwi mau ditindakké bebarengan karo sedulur-sedulur sing pada memuji lan ndedonga marang Gusti Allah karo ati sing resik.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mulané ngedohana hawa-nepsuné wong enom, ngupayaa keadilan, kasetian, katrésnan lan katentreman bebarengan karo wong-wong sing pada nyebut Gusti karo ati sing tulus.