Acts 10:28 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Tumuli padha dipangandikani mangkene: “Panjenengan sadaya sami mangretos, bilih tiyang Yahudi punika dipun awisi sanget srawungan kaliyan tiyang-tiyang ingkang sanes Yahudi utawi lumebet ing griyanipun. Nanging Gusti Allah sampun paring pitedah dhateng kula, bilih kula boten dipun parengaken mastani tiyang najis utawi boten resik.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Rasul Pétrus terus ngomong: “Para sedulur, kowé pada ngerti déwé nèk wong Ju kuwi ora éntuk tyampur karo wong sing dudu Ju apa mlebu omahé. Nanging Gusti Allah wis ndunungké marang aku nèk aku ora kenèng ngarani wong ala apa ora apik.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Terus pada diomongi ngéné: “Sampéyan kabèh pada ngerti, yèn wong Ju kuwi ora olèh tenanan srawung karo wong-wong sing duduk Ju utawa mlebu ing omahé. Nanging Gusti Allah wis ngekèki pinuntun marang kula, yèn kula ora dililani nyebut sapa waé najis utawa haram.