Acts 13:34 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Gusti Allah sampun ngwungokaken Panjenenganipun saking antawisipun tiyang pejah saha boten badhe kapasrahaken malih dhateng ing karisakan. Bab punika kapratelakaken dening Pangeran wonten ing pangandikanipun makaten: Ingsun bakal netepi prajanji-prajanji kang suci kang kena pinracaya tumrap sira, kang wus Sunparingake marang Dawud.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Lan bab enggoné Gusti Allah nangèké Gusti Yésus sangka pati, supaya badané ora rusak, ketulis ngéné: ‘Aku bakal ngekèki berkah marang kowé sing wis tak janji marang Daved!’
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Gusti Allah wis nangèkké Panjenengané sangka antarané wong mati lan ora arep dipasrahké menèh marang karusakan. Bab kuwi dinyatakké karo Gusti ing tembungé, mengkéné: Aku bakal netepi perjanjian-perjanjian sing sutyi sing kena dipertyaya, sing wis Tak kèkké marang Daved.