Acts 14:15 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
“Para sadherek, kadospundi dene panjenengan kok sami tumindak makaten? Kula punika sami manungsa limrah kadosdene panjenengan sadaya. Kula wonten ing ngriki punika prelu ngabaraken Injil dhateng panjenengan, supados panjenengan sami nilara tumindak ingkang tanpa gina punika saha lajeng mratobat dhateng Gusti Allah ingkang asipat gesang, ingkang sampun nitahaken langit kaliyan bumi saha saganten dalah saisinipun sadaya punika.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
“Para sedulur, kepriyé kok sampéyan pada nandangi mengkéné? Kita kuwi pada manungsa lumrah kaya sampéyan kabèh. Kita ing kéné kuwi perlu ngabaraké Injil marang sampéyan, supaya sampéyan pada ninggalké tumindak sing tanpa guna kuwi lan terus mratobat marang Gusti Allah sing maha urip, sing wis nggawé langit lan bumi lan segara uga sak isiné kabèh kuwi.