Acts 14:21 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Rasul Paulus lan Barnabas anggone ngabarake Injil ana ing kutha kono oleh siswa akeh, banjur wangsul menyang ing Listra, Ikonium lan Antiokhia.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nang kuta Dèrbé kono rasul Paulus lan Barnabas uga nggelarké kabar kabungahan bab Gusti Yésus Kristus lan wong okèh pada dadi muridé. Sakwisé kuwi para rasul terus balik nang kuta Listra, Ikonium lan Antioki nang bawah Pisidi.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing kuta Dèrbé kono, Paulus lan Barnabas pada ngabaraké Injil, banjur okèh sing pada pertyaya marang Yésus. Sakwisé kuwi, mulih menyang Listra, Ikonium lan Antiokia.