Acts 15:1 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Tumuli ana wong sawatara saka ing tanah Yudea teka ing Antiokhia, kang padha mulang marang para sadulur ing kono mangkene: “Manawi panjenengan sadaya boten sami nglampahi supit manut adat-tata-cara ingkang dipun warisaken dening Nabi Musa, panjenengan boten badhe saged manggih karahayon.”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Terus ènèng wong Ju siji-loro sangka Yudéa teka nang kuta Antioki. Wong-wong iki mulang marang sedulur-sedulur Kristen nang Antioki kono, nèk ora bisa slamet nèk ora disunati miturut wèt-wèté nabi Moses.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Terus ana wong sangka Yudéa teka ing Antiokia, sing pada mulangi marang para sedulur tunggal pertyaya ing kono, ngéné: “Yèn sampéyan kabèh ora pada nandangi sunat miturut adat tata-tyarané sing diwariské karo Moses, sampéyan ora bakal bisa dislametké.”