Acts 17:29 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sarehning kita punika trahing Allah, mila kita boten kenging gadhah pamanggih, bilih kawontenanipun Gusti Allah punika kadosdene jene utawi salaka utawi sela, ingkang kawujudaken dening kagunan saha kalangkunganipun manungsa.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Lan jalaran awaké déwé iki anaké Gusti Allah, mulané ya ora bener nèk awaké déwé nganggep nèk Gusti Allah kuwi kétoké kaya retya gawéan emas, selaka apa watu, manut pikirané lan kapinterané manungsa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit kita kuwi turun-turunané Gusti Allah, mila kita ora kenèng nduwé panemu, yèn kahanané Gusti Allah kuwi kaya gambaran emas, slaka utawa watu, sing digawé awit migunani lan kapinteran manungsa.