Acts 17:34 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ewasamono iya ana wong lanang sawatara kang manunggal karo Rasul Paulus lan padha manjing pracaya, kayata Dhionesius, warganing pradata Areopagus, lan wong wadon kang aran Damaris, sarta uga wong-wong liyane bebarengan karo wong-wong mau.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nanging ènèng wong siji-loro sing pretyaya lan mèlu rasul Paulus, kayadéné Dionisius, tukang pikir nang Eropakus kono, uga ènèng wong wédok sing jenengé Damaris lan liya-liyané menèh.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Senajan mengkono ya ana wong sing ngantyani Paulus lan pada dadi pertyaya, kaya Dionisius, juru hukum Areopagus, lan wong wadon sing diarani Damaris, lan uga wong-wong liyané bebarengan karo wong-wong mau.