Acts 18:27 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sarehning Apolos kapengin menyang ing tanah Akhaya, sadulur-sadulur ing Efesus nuli kirim layang marang para siswa ing kono, supaya ditampanana. Satekane ing Akhaya, marga saka sih-rahmate Gusti Allah banjur dadi wong kang migunani banget tumrap para wong kang padha pracaya.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Sakwisé kuwi Apolos kepéngin budal nang bawah Akaya. Sedulur-sedulur Kristen nang Efése kono pada bungah karo pikiran kuwi, mulané terus nggawani layang, supaya sedulur-sedulur nang bawah Akaya kono pada nampa Apolos sing apik. Kadung teka nang Akaya, Apolos bisa ngantepké pengandelé sedulur-sedulur nang kono, jalaran sangka kabetyikané Gusti Allah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit Apolos kepéngin nyabrang menyang Akaya, sedulur-sedulur tunggal pertyaya ing Efésus terus nggawani layang kanggo para murid ing kono, supaya ditampa. Sak tekané ing Akaya, awit sangka kawelasané Gusti Allah terus dadi wong sing migunani banget kanggo para wong sing pada pertyaya.