Acts 19:13 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ana sawenehe wong Yahudi sawatara, tukang njapani ideran, kang padha nyoba nyebut asmane Gusti Yesus kanggo wong kang kasurupan dhemit, kalawan ngucap: “Kowe daksupatani atas asmane Gusti Yesus, kang diwartakake dening Rasul Paulus.”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Lah nang kono ènèng wong Ju siji-loro sing mlaku-mlaku nambani wong-wong sing kelebon demit. Wong-wong kuwi pada njajal ngetokké demit nganggo jenengé Gusti Yésus, ngomong ngéné: “Aku nundung kowé ing jenengé Yésus sing dikabarké karo Paulus!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ana dukun Ju sing mider-mider ing tanah kono, sing pada njajal nyebut jenengé Gusti Yésus kanggo wong sing ketèmpèlan roh-roh ala, karo ngomong: “Kowé tak sumpahi atas asmané Yésus, sing diwartakké karo Paulus.”