Acts 19:24 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Awit ana sawijining kemasan jenenge Demetrius, kang pangupajiwane gawe pepethan salaka kabuyutane Dewi Artemis. Iku ngolehake kauntungan ora sathithik marang wong kang padha nunggal sapagawean.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Awit ènèng sakwijiné kemasan sing jenengé Demitrius, sing kerjanané nggawèni tèmpel-tèmpelan tyilik, niru tèmpelé déwi Diana. Dagangané Demitrius mau nekakké rejeki okèh kanggo wong-wong sing kerjanané uga nggawé tèmpel-tèmpelan kuwi.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit jalarané wong lanang tukang slaka sing jenengé Démétrius, sing panguripané nggawé retya-retya slaka tiruané retya dèwi Artèmis. Kuwi ngéntukké bati ora setitik marang wong sing pada tunggal sak penggawéan.