Acts 19:27 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Marga saka iku ora mung panggaotan kita bae kang bakal ana sajroning bebaya bakal diremehake ing wong, nanging uga kabuyutane Sang Artemis, dewi agung iku, bakal tanpa teges. Lan Sang Artemis piyambak, Sang Artemis kang disembah-sembah dening wong-wong sa-Asia kabeh lan wong sajagad kang wis maju, bakal sirna kaluhurane.”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Mengkono kuwi ora namung kerjanané awaké déwé mundur, nanging uga wong-wong ora bakal nggatèkké menèh marang tèmpelé Déwi Gedé Diana. Karomenèh, Déwi Gedé Diana, sing disembah wong kabèh sak bawah Asia lan sak jagat kabèh, ora bakal disembah menèh, jalaran ilang apiké.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit sangka kuwi, ora mung penggawéan kita waé sing bakal ana sak njeruhné bebaya dirèmèhké karo wong, nanging uga tèmpelé Artèmis, dèwi gedé kuwi, bakal tanpa tegesé. Lan Artèmis déwé, Artèmis sing disembah-sembah karo wong-wong sak Asia Tyilik kabèh lan wong sak jagat sing wis kesuwur, bakal ilang kaluhurané.”