Acts 21:1 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kacarita sawuse aku padha pepisahan kalawan rasa kang abot banget iku, aku banjur padha mancal terus ngener menyang ing pulo Kos. Esuke tekan ing pulo Rodos lan saka ing kono aku nuli padha menyang ing kutha Patara.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Sakwisé awaké déwé pamitan karo para pinituwané pasamuan nang kuta Efése, awaké déwé terus ngabrah nang pula Kos. Esuké awaké déwé terus tekan pula Rodos. Sangka kono awaké déwé terus nang kuta Patara.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé pisahan karo wong-wong mau, kita terus pada budal nuju menyang Kos. Esuké tekan Rodos lan sangka kono kita terus pada menyang Patara.