Acts 21:25 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wondene bangsa-bangsa sanes, ingkang sampun sami manjing pitados, punika sampun sami kula kintuni serat, ingkang isi putusan kita, inggih punika: bilih kedah sami nyirik tetedhan, sesajening brahala, rah, daginging kewan tetakan, punapa dene lampah jina.”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Bab kanggo wong-wong Kristen sing dudu Ju awaké déwé ya wis ngirimi layang ngomongi bab putusané awaké déwé, yakuwi, nèk sedulur-sedulur kuwi dipenging mangan pangan sing wis dienggo sajèn marang brahala, mangan getih apa kéwan sing matiné tekekan; uga dipenging laku bédang.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging bangsa kapir, sing wis pada pertyaya, kuwi wis pada kita kirimi layang, sing isi putusan kita, ya kuwi: yèn kudu pada nyiriki pangan sesajèné brahala, getih, dagingé kéwan sing mati ora dibelèh, lan uga mlaku bédang.”