Acts 23:12 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng wis raina wong-wong Yahudi nganakake komplotan lan sumpah kalawan nyupatani awake dhewe, ora bakal mangan utawa ngombe sadurunge nyedani Rasul Paulus.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Esuké wong Ju pada nggawé komplot arep matèni rasul Paulus. Wong-wong pada sumpah ora arep mangan apa ngombé nèk durung matèni rasul Paulus.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng wis awan wong-wong Ju nganakké komplotan lan sumpah karo nyepatani awaké déwé, ora bakal mangan utawa ngombé sak durungé matèni Paulus.