Acts 23:20 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wangsulane: “Tiyang-tiyang Yahudi sampun sami sarujuk badhe nyuwun dhateng panjenengan, supados benjing-enjing panjenengan ngladosaken Bapak Paulus malih dhateng ing ngarsaning Pradata Agami, kados-kados Pradata wau kapengin angsal katrangan ingkang langkung taliti saking piyambakipun.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Botyah enom mau terus ngomong: “Wong Ju pada nggawé komplot arep nyuwun marang Bapak kumendan, supaya Bapak kumendan sésuk nggawa rasul Paulus nang Kruton Agama, étok-étoké arep ditakoni sing luwih apik. Nanging Bapak kumendan aja pretyaya, awit ènèng wong kliwat patang puluh arep nyegat rasul Paulus lan wong-wong iki malah pada sumpah nèk ora bakal mangan lan ngombé apa-apa nèk durung matèni rasul Paulus. Rantyaman iki wis mateng tenan, namung ngentèni wangsulané Bapak kumendané.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Semauré: “Wong-wong Ju wis pada setuju arep njaluk marang sampéyan, supaya sésuk-ésuk sampéyan masrahaké Paulus menèh marang ngarepé Pangwasa hukum Agama, kaya-kaya Hukum iki kepéngin olèh katerangan sing luwih tliti sangka piyambaké.