Acts 23:6 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sarehne panjenengane mirsa, yen wartaning Pradata iku ana kang kalebu golonganing wong Saduki lan ana kang kalebu golonganing wong Farisi, mulane banjur nguwuh ana ing ngarsaning Pradata Agama: “Para sadherek, kula punika tiyang Farisi; kula dipun ladosaken dhateng ing ngarsaning Pradata punika, jalaran kula ngajeng-ajeng dhateng tanginipun tiyang pejah.”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Rasul Paulus terus nitèni, nèk para wargané Kruton Agama sing nang kono kuwi saloké wong Saduki lan saloké wong Farisi, mulané dèkné terus ngomong ngéné marang Kruton Agama: “Para sedulur, aku iki wong Farisi, semono uga bapakku. Aku nang kéné dikrutu jalaran aku pretyaya nèk wong mati mbésuk bakal ditangèkké.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit piyambaké weruh, yèn ing antarané Pangwasa hukum kuwi ana sing mlebu golongané wong Saduki lan ana sing mlebu golongané wong Farisi, mulané terus mbengok banter ing ngarepé Pangwasa hukum Agama: “Para sedulur, kula kuwi wong Farisi; kula dipasrahké marang Pangwasa hukum kuwi, jalaran kula ngarep-arep marang tanginé wong mati.”