Acts 23:9 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mulane banjur dadi rame banget. Ana ahli Toret sawatara saka golongan Farisi kang maju sarta madoni kalawan keras ujare: “Tumrap kula, tiyang punika boten gadhah kalepatan! Bokmanawi wonten roh utawi malaekat ingkang sampun mangandikani piyambakipun.”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Wong-wong terus pada pating brengok, selot suwi selot banter. Terus ènèng guru Kitab siji-loro sangka golongané wong Farisi pada ngomong: “Wong iki ora salah apa-apa. Menawa waé roh apa mulékat tenan sing ngomong marang dèkné!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mulané terus dadi ramé banget. Ana juru Torèt siji loro sangka golongan Farisi sing maju lan mbantah karo teges ujaré: “Kanggo kita, wong kuwi ora nduwé kesalahan! Mbok menawa ana roh utawa mulékat sing wis ngomongi piyambaké.”