Acts 24:14 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Namung kemawon kula ngakeni wonten ing ngarsa panjenengan, bilih kula ngabekti dhateng Allahipun leluhur kula kalayan ngenut Margining Pangeran punika, inggih punika Margi ingkang dipun wastani sekte dening tiyang-tiyang punika. Kula ngugemi sadaya ingkang kaserat ing angger-anggering Toret saha ing kitabipun para nabi.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Aku ngakoni nang ngarepé Bapak, nèk aku pretyaya marang Gusti Allah sing disembah karo mbah-mbahanku, miturut sing diarani ‘Piwulang Anyar’ karo wong-wong iki. Kuwi jaréné piwulang sing klèru. Nanging aku ya pretyaya marang sembarang sing ketulis nang wèt-wèté nabi Moses lan uga kitab-kitabé para nabi.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mung waé kula ngakoni ing ngarepé sampéyan, yèn kula ngabekti marang Gusti Allahé leluhur kita karo manut dalané Gusti kuwi, ya kuwi dalan sing karo wong-wong iki diarani piwulang klèru. Kula netepi kabèh sing ditulis ing angger-anggeré Torèt lan ing kitabé para nabi.