Acts 24:2 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Rasul Paulus ditimbali maju, dene Tertulus banjur wiwit ngaturake panggugate, unjuke: “Dhuh, Sang Minulya Feliks, margi saking pambudi-daya panjenengan kula sadaya tansah ngraosaken karaharjan saha jalaran saking kawicaksanan panjenengan, kathah sanget ewah-ewahan ingkang sae ingkang tumindak kangge bangsa kula.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Weruh rasul Paulus wis ngadep, advokat Tèrtulus terus ngomong ngéné: “Bapak gramang sing kajèn, enggoné Bapak nata negarané awaké déwé nganggo kaweruh kuwi nekakké keslametan lan katentreman tenan. Pantyèn ketara banget kemajuané.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Paulus dityeluk maju, nanging Tertulus terus wiwit ngomongké gugatané, tembungé: “Féliks sing luhur, awit sangka budidayamu sampéyan kita tansah ngrasaké ketentreman lan jalaran sangka kawityaksanan sampéyan, okèh banget owah-owahan apik sing klakon kanggo bangsa kita.