Acts 25:12 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng wis karembag karo para warganing pangadilan, Sang Festus banjur ngandika: “Kowe nyuwun munggah marang Sang Nata Agung, yen mangkono kowe kudu sowan ing ngarsane Sang Nata Agung.”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Sakwisé gramang Fèstus rembukan karo advisur-advisuré dèkné terus semaur: “Kowé njaluk digawa nang krutoné ratuné Rum, kowé ya bakal digawa rana.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng wis dirembuk karo para pegawéné pengadilan, Féstus terus ngomong: “Kowé njaluk munggah tanding marang kaisar, yèn mengkono kowé kudu nemoni kaisar.”