Acts 25:15 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kala kula wonten ing Yerusalem, para pangajenging imam saha para pinisepuhipun tiyang Yahudi sami nggigat piyambakipun saha nyuwun, supados tiyang punika dipun ukum.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Dongé aku nang Yérusalèm para pengarepé imam lan para pinituwané bangsa Ju pada nggawa kelahan marang aku lan pada nyuwun aku nyetrap wong iki.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Waktu kula ing Yérusalèm, para pengarepé imam lan para tuwa-tuwané wong Ju pada nuntut wong iki, lan njaluk supaya wong kuwi diukum.