Acts 25:24 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Festus nuli ngandika: “Sang Prabu Agripa saha para priyagung ingkang sami lenggah ing ngriki sesarengan kaliyan kula sadaya. Sami kula aturi mirsani tiyang punika, ingkang dipun gigat dening sadaya tiyang Yahudi, wonten ing Yerusalem saha wonten ing ngriki. Punika sadaya sami ndhatengi kula saha sami pratela kaliyan bengok-bengok, bilih tiyang punika boten pantes gesang langkung dangu malih.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Fèstus terus ngomong: “Ratu Agripa lan para sedulur kabèh sing nang kéné. Ya iki wongé sing dikelahké karo wong-wong Ju nang Yérusalèm lan uga nang kéné. Wong-wong Ju pada bengok-bengok njaluk wong iki dipatèni waé.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Féstus terus ngomong: “Ratu Agripa lan para penggedé sing pada njagong ing kéné bareng karo kita. Pada kula njaluk weruh wong iki, sing dikelahké karo wong Ju kabèh, ing Yérusalèm lan ing kéné. Wong-wong kabèh pada nekani kula lan pada ngomong karo mbengok-mbengok, yèn wong kuwi ora pantes urip luwih suwé menèh.