Acts 25:26 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Namung kemawon boten wonten punapa-punapa ingkang gumathok, ingkang kedah kula aturaken ing serat ing ngarsanipun Sang Nata Agung bab tiyang punika. Inggih punika sababipun mila lajeng kula ladosaken wonten ing ngarsa panjenengan, Sang Prabu Agripa, supados sasampunipun kapriksa lajeng wontena punapa-punapa ingkang saged kula serat.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nanging aku durung éntuk katerangan sing apik lan aku ya durung nemu salahé sing kenèng tak enggo jalaran nang sakjeroné layang sing arep tak kirimké ratuné. Mulané aku saiki nggawa wong iki nang ngarepmu kabèh, nanging kaping pisan marang ratu Agripa, supaya, nèk wis ditakon-takoni, aku bisa nemu prekara sing kenèng tak tulis.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mung waé ora ana alasan sing jelas, sing kudu kula omongké ing layang marang kaisar bab wong kuwi. Ya jalaran sangka kuwi mila terus kula ngadepké ing ngarepé sampéyan kabèh, marang piyambaké ratu Agripa, supaya sakwisé dipréksa terus anaa sing bisa kula tulis.