Acts 25:6 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Festus anggone lereb ana ing Yerusalem ora luwih saka wolu utawa sapuluh dina, banjur kondur menyang Kaisarea. Esuke panjenengane lenggah ing pangadilan lan dhawuh ngladekake Rasul Paulus.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Sakwisé nang kono namung wolung dina tekané sepuluh dina, gramang Fèstus terus balik menèh nang kuta Sésaréa. Esuké dèkné terus nganakké kruton lan mréntah kongkon nggawa rasul Paulus mbrono.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Féstus enggoné manggon ing Yérusalèm ora luwih sangka wolu utawa sepuluh dina, terus mulih menyang Kaisaréa. Esuké piyambaké nggelarké pengadilan lan ngongkon ngadepké Paulus.