Acts 26:5 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sampun dangu sanget anggenipun sami pitepangan kaliyan kawula saha bokbilih purun, sami saged suka paseksen, bilih kawula gesang kadosdene tiyang Farisi manut golongan ingkang keras wonten ing salebeting agami kita.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Wong-wong wis kenal aku suwi lan nèk gelem bisa nyeksèni déwé nèk kawit mbiyèn aku nurut agama temen tenan, ing sakjeroné golongané para Farisi.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wis suwé banget enggoné pada kekantyan karo kula lan yèn gelem, pada gelem ngekèki paseksi, yèn kula urip dadi wong Farisi miturut golongan sing panatik ing njeruhné agama kita.