Acts 27:17 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng sekoci mau diunggahake ing kapal, wong-wong padha ngudi nulungi kapale srana digodhi. Sarehne sumelang manawa kapale bakal kandhas ing klabar Sirtis, layare nuli diudhunake lan banjur ngeli bae.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Kuwi terus diunggahké nang kapal terus ditalèni. Kapalé déwé ya terus ditalèni mubeng. Jalaran wedi nèk kapalé mengko kandas nang panggonan sing tyetèk banyuné nang Sirté, mulané layaré terus digulung lan kapalé dikintirké banyu.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng sekotyi mau diunggahké ing kapal, wong-wong pada masang piranti kanggo nylametké kapalé karo diubeti tali. Awit sumelang yèn kapalé bakal kandas ing dasar-wedi Sirtis, layaré terus didunké lan terus ngèli waé manut sak mlakuné angin.