Acts 27:41 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging banjur nabrak klabar, temahan praune kandhas. Perangan kang ngarep ambles ora bisa obah, dene kang buri remuk marga saka panempuhing alun kang nggegirisi.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nanging kapalé terus kandas nang panggonan sing tyetèk. Kapalé sebelah ngarep terus ambles-bles, lah sebelah mburi remuk diantemi ombak gedé banget.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging terus nabrak dasar-wediné segara, banjur kapalé kandas. Pérangan sing ngarep ambles ora bisa obah, nanging sing mburiné remuk awit diantem ombak sing medèni.