Acts 3:11 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sarehne wong iku tansah ngetutake marang Rasul Petrus lan Rasul Yokanan, mulane wong akeh kang padha kaeraman banget iku kabeh padha teka ngrubung ana ing srambi kang aran Srambi Suleman.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Wong sing mauné lumpuh nanging saiki bisa mlaku kuwi terus ngetutké rasul Pétrus lan rasul Yohanes waé, mulané wong-wong sing nggumun mau pada ngrubung rasul Pétrus lan rasul Yohanes nang kono, nang panggonan sing jenengé Gadriné Soléman.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit wong kuwi tansah ngetutké Pétrus lan Yohanes, mulané wong okèh sing pada nggumun banget kuwi kabèh pada teka ngrubung ing balé sing diarani balé Salomo.