Acts 3:13 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Gusti Allahipun Rama Abraham, Iskak lan Yakub, Gusti Allahipun leluhur kita sampun ngluhuraken Abdinipun, inggih punika Gusti Yesus ingkang panjenengan ulungaken saha panjenengan tampik wonten ing ngarsanipun Sang Pilatus, sanadyan Sang Pilatus nggalih, bilih Panjenenganipun kedah dipun luwari.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Gusti Allahé Bapa Abraham, Isak lan Yakub, Gusti Allahé mbah-mbahané awaké déwé, wis ngunggulké peladèné, yakuwi Gusti Yésus. Kowé wis masrahké Dèkné marang para pangwasa, nang ngarepé gramang Pilatus. Dèkné mbok tampik, senajan Pilatus déwé wis nggawé putusan arep ngetyulké Dèkné.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Gusti Allahé Abraham, Isak lan Yakub, Gusti Allahé leluhur kita wis mulyakké Abdiné, ya kuwi Yésus sing sampéyan pasrahaké lan sampéyan tampik ing ngarepé Pilatus, senajan Pilatus mutusi yèn Panjenengané kudu diluwari.