Acts 3:25 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Inggih panjenengan sadaya punika ingkang maris pameca-pameca punika saha angsal bagean tumrap ing prajanjian ingkang dipun wontenaken dening Gusti Allah kalayan leluhur kita, inggih punika nalika Panjenenganipun ngandika dhateng Rama Abraham: Marga saka turunira, kabeh bangsa salumahing bumi bakal kabarkahan.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Prejanji-prejanjiané Gusti Allah sing diomong karo para nabi kuwi kabèh kanggo kowé. Mulané kowé katut ing prejanjiané Gusti Allah marang para simbah ing jaman mbiyèn, yakuwi prejanjiané Gusti Allah marang Bapa Abraham sing uniné ngéné: ‘Kabèh bangsa nang sak lumahé bumi bakal mèlu nampa berkah, jalaran sangka turunanmu.’
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ya sampéyan kabèh kuwi sing nampa nubuat-nubuat kuwi lan olèh bagéan ing perjanjian sing dianakké karo Gusti Allah karo leluhur kita, nalika Panjenengané ngomong marang Abraham: Awit sangka turunanmu, sak kabèhé bangsa ing sak lumahé bumi bakal kaberkahan.