Acts 4:30 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mugi Paduka karsaa mulungaken asta Paduka, ingkang ndhatengaken kasarasan, punapa dene ngawontenaken pratandha-pratandha saha mukjijat-mukjijat kalayan asmanipun Gusti Yesus, Abdi Paduka ingkang suci.”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Muga Gusti ngelungké tangané kanggo nambani sing lara lan nindakké mujijat nganggo jenengé Peladèné Gusti sing sutyi, yakuwi Gusti Yésus.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Supaya Panjenengan gelem ngelungké tangan Panjenengan, sing nekakké kewarasan, uga nganakké tanda-tanda lan mujijat-mujijat karo asmané Yésus, Abdi Panjenengan sing sutyi.”