Acts 5:10 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wong wadon iku banjur ambruk sanalika iku uga ana ing ngarsane Rasul Petrus lan apegat nyawa. Nalika para nonoman padha lumebu, dheweke tinemu wis mati, banjur digotong metu lan dikubur sandhing sing lanang.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Safira sakwat tiba mati nang ngarepé rasul Pétrus. Sedulur enom-enoman mau terus pada mlebu lan weruh wong wédok mau wis mati. Layoné terus digotong metu, dikubur nang jèjèré sing lanang.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong wadon kuwi terus nggeblak sak nalika kuwi uga ing ngarepé Pétrus lan pedot nyawané. Nalika para nom-noman pada mlebu, wong wadon mau ketemu wis mati, terus digotong metu lan dikubur ing sak tyedaké sing lanang.