Acts 5:31 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Inggih Panjenenganipun punika ingkang sampun sinengkakaken ing ngaluhur dening Gusti Allah piyambak kalayan astanipun ingkang tengen, kajumenengaken dados Panuntun tuwin Juru-wilujeng, supados Israel saged mratobat saha tampi pangapuntening dosa.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Ya Gusti Yésus iki sing wis dikèki pangwasa sing duwur déwé karo Gusti Allah. Dèkné didadèkké Penuntun lan Juru Slamet, supaya bangsa Israèl bisa éntuk kelunggaran ninggal laku ala lan bisa nampa pangapurané dosa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ya Panjenengané kuwi sing wis diunggahké menyang nduwur karo Gusti Allah karo tangané sing tengen, didadèkké dadi Penuntun lan Juruslamet, supaya Israèl bisa mratobat lan nampa pangapurané dosa.