Acts 5:37 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sesampunipun piyambakipun, nalika dipun wontenaken cacah-jiwa, pun Yudas muncul, tiyang Galilea. Kathah tiyang ingkang kasered ing pambalilanipun, nanging piyambakipun inggih tiwas, sadaya panganutipun sami buyar.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Sakwisé kuwi terus ènèng liyané menèh njedul: Yudas sangka Galiléa. Kuwi wayahé ènèng itung-itungan bangsa. Wong pirang-pirang pada mèlu golongan sing ora apik kuwi. Yudas uga dipatèni lan wargané buyar kabèh.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé wong kuwi, nalika dianakké tyatyah jiwa, Yudas njedul, wong Galiléa. Okèh wong sing kesèrèt ing pambruntakané, nanging Yudas kuwi ya mati, kabèh muridé pada buyar.