Acts 7:24 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nalika punika panjenenganipun mirsa tiyang dipun kaniaya dening tiyang Mesir, nunten dipun pitulungi saha dipun belani, tiyang Mesir wau dipun pejahi.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nang kono nabi Moses weruh wong Egipte ngantemi wong Israèl. Dèkné terus mbélani bangsané lan mbales wong Egipte mau, sampèk wongé mati.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nalika kuwi piyambaké weruh wong dianiaya karo wong Egipte, banjur ditulungi lan dibélani, wong Egipte mau dipatèni.