Acts 7:30 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sareng sampun kawan dasa taun, lajeng wonten satunggaling malaekat ingkang ngatingal dhateng ing panjenenganipun wonten ing ara-ara samun ing redi Sinai, wonten ing salebeting latu murub ing grumbul eri.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
“Sakwisé patang puluh taun nang tanah Midian terus ènèng mulékat ngétok marang nabi Moses nang grumbulan sing metu geniné, nang wustèn nang gunung Sinai.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng wis patang puluh taun, terus ana mulékat sing ngétok marang piyambaké ing ara-ara samun ing gunung Sinai, ana geni murup ing grumbul eri.